Selasa, 30 Desember 2008

ORA BISA TURU...........!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!

Sedulurrrr......, wengi kiye inyonge ra bisa turu, mbuh nangapa aku dewek ya ra ngerti. Ujarku ya.........,mau ra ana karo sing salah karo uripku, tangi turu trus raup mangkat ngode..,ra kelalen sikatan disit tp karo perment karet......he2. Awane ya mangan biasa bae, karo sega lawuh iwak. Sorene ya pada bae. Balik ngode jam 8 bengi, awake rasane kaya ra ana balunge.!!!!!!. Adus trus golet panganan nemu mie karo endok........lah lumayan dari pada "loomaanyuun" he2. trus chatting nganti mripate kotak. Ohhhhhhhhhhh........, sing gawe aku ra bisa turu miki tes chatting karo wong kawungaten, jere wes bebeh urip.!!! anu kakean masalah.
Sedulurrrrr.........,dela maning taun baru......., ra krasa ya? umure tambah, kaya2ne dosane ya tambah ya.....? ra pa2lah sing penting kan amale melu tambah. Engko kan nek wes mati.....,timbangane pas nang surga apa nang neraka.jal kawus pa ora.........????
Sedulur.........,janeh wong urip asline ra perlu di gawe susah2, pokoke nikmati bae......, sedih,pait,enak, nikmati baeee....!!!.
sedulurr...,aku janeh urung ngantuk tp aku ngesuk ngode.......,dadi aku kudu istirahat..!!!.
moga2 ngimpi sing apik..........., ketemu bidadari trus di nei nomer....!!! mbok seger bgt.

TAUN ANYAR