Rabu, 16 November 2011

KANGEN NGEPRUZZ...!!


Dina kiye mbuh nangapa mripat koh keduten baen kohh..., arep ulih rejeki apa yah...? he2.
wong urip koh yah...??? maju tuwa kayong maju kepenak..,, he2., Alhamdulillah.

sedulurr janeh inyong arep aweh tips njalani urip.., kiye miturut pengalamane inyong..,, yaa meneng2 inyong ya wes termasuk mandan akeh UYAEH..,!! kaya iwak asin baen..,he2

wong urip janeh asline gampang banget..,, asal di gawe gampang..,, mangsude dalam arti angger dewek bisa nrima apa anane lan mensyukuri apa pemberiane gusti ALLOH SWT.

syukur2 dewek bisa berbagi rejeki karo wong sing luwih mbutuhna jiaannnn..,, kayong nang ati hawane bungah bangedd..,, !!! hikzz

aja kelalen sholat 5 wektu sedulurr..,, apik maning angger gelem berjamaah..,, ganjarane ping 27.., jere pak kyai..!!! padahal sing ngomong sih sholate bolong bolong..,, aja di tiru.. hikz

deneng kiye wedang TEH wes di jog pindo esih legi baen yah..??
wesss rampung le ngepruzz..,, plong rasane..,, !!! he he he..,,..

Minggu, 01 Agustus 2010

Ijig ijig pengin nulis baen...!!!

Kaya biasane baen angger dina senen esuk tangi turu .., raup., terus gawe kopi karo udud.,.!! ajeg 98..,!! siap siap mangkat ngode.., rutinitas sing paling mboseni tapi penting.
Jam setengah 8 mangkat meng pabrik mbok sinawane ana pegawean.., jan janeh kayane ora ana., wong wes 3 wulan pabrike agi mandan pilek.,, laka order jere juragane...!!

oawalahhh jebule esih ajeg baen.,, esih urung ana gawean dadine gur setor RAI thokk..,, trus balik maning meng kontrakan.,,!!

Deneng urip nang perantauan kaya kiye temen. yah..??
Gur klosad klosod nang kontrakan koh esih d bayar..,, d empani maning.,,!! mbok gurih..??? tapi tetep baen pengin balik kampung..!!

Jajal nek wes kaya kiye terus priben..??

ngonohlah pikir dewek.,, inyong arep tilpun yayank ndisit pernaeh esih ana pulsa 40 menit.,, lumayan kena go tamba kangen...!!!

Ramaku INSPIRASIKU..,,!!! the special one..,,!!!!

kiye crita aku karo ramaku...., mbokan ana gunane.!!!! he2

Inyonge : " pak aku bosen karo uripku "
Ramaku : lah... nangapa bosen ?janeh kowe ngerti "bosen" kuwe anu apa..?

"BOSEN" kuwe keadaan nangendi pikiranmu pengin perubahan kang rutinitas urip sing ajeg2 baen.

Inyonge : nangapa aku bosen pak..????
Ramaku : sebab kowe ra tau puas karo sing kowe duweni.
Inyonge : priben carane ben ora bosen pak...??? aja meneng baen pak..!!! hikzz.., ramaku mandan kumek kayaneluh d takoni baen..!!!ramaku bingung, mbatine kiye bocah siji koh ora mudeng2 baen.. pa anu goblog temenan apa agi ngetes ramane..!!!

Ramaku : ana siji cara ndie..., nikmati baen bosen mu kuwe..., mesti kowe bebas kan bosenmu.
Inyonge : priben nikmati bosen.., bener baen rika pak...!! rika suwe2 ra beressss he2...??
Ramaku : takon aring awakmu dewek..., NANGAPA KOWE RA TAU BOSEN MANGAN SEGA SING PADA BAEN RASANE BEN DINA..!!

Inyonge : sebab inyonge mangan karo lawuh sing beda2 ben dina.
Ramaku : deneng cerdas kowe.., pinter..!!! tambaih apa sing anyar nang rutinitasmu mesti bosen ne ilang dewek...!!

Inyonge : priben carane pak..??? rika karo anak aja pelit2 aweh ilmu urip..he2
Ramaku : jannnnnnnnn...., d ubah caramu ngelakoni rutinitas kuwe oon...!!. sing biasane madang karo njagong..siki madange karo kelekaran...he2, sing biasane telp karo tangan tengen ...siki karo tangan kiwe, apa karo sikil nek bisa..he2. sing biasane turu melumah siki turu kemureb nek ora malahan pega ra bisa ambekan..he2...kaya kuwe seteruse...!!!!

Bener...., sarane ramaku tek lakoni ( sapa ngerti bener ) janeh aku ya mandan ra perecaya...!!!!SELANG seminggu aku telp ramaku......!!!!

Inyonge : pakk..bener rika.., aku siki wes ra patia bosen urip...!!!! malah siki rasane nikmat banget uripku.., padahal kadang inyonge ngelakoni biyen sing tek anggep mboseni { embret, embret lan embretttttt}.nangapa bisa kaya kuwe pak.....??????

Ramaku : ramamu wes akeh uyaeh ndie..,!!! makane kowe aja cokan sok nang ngarepku.intine kaya kiye " KABEH ASALE KANG PIKIRANMU DEWEK, BOSEN KUWE ASALE KANG PIKIRANMU SING MIKIR BOSEN " . NIKMATI BAEN URIPMU NDIE..!! ENJOY AJA.. jere ikllan rokok LA...!@!! ha ha ha..,, ramaku mandan gaull..,, gaulundeng mbokann gurih..

Pancen hebat ramaku.... ra salah biyungku milih rika...!!! padahal ramaku SD baen ra lulus..!!
Jere kang ebiet...: Ayah...., dlm hening sepi ku rindu , untuk menuai padi milik kita. tapi kerinduan tinggal hanya kerinduan anakmu sekarang banyak menanggung beban.

MATUR NUWUN PAK.., RIKA WES NDIDIK AKU DADI WONG SING BENER..!!! walaupun sikine esih urung bener...he2. alon2 ya......pak !!!

kawunganten brotherhood..!!!


Ngode nang korea angger ana dina preian acarane ya ngumpul karo kanca2.., apa maning angger kumpul2 karo kanca sekampungg..,, wesss gurih poll.., ngobrole laka rampungee..,,!! pokoke asik lahhh.


lah kiye kanca batire inyong sing pada2 sekang kawunganten.!!


Sing topian guwe jenenge SOHIB..,, nang korea termasuk wes mandan lumuten..,, nang kene dadi juragan kertu tilpun juga., pokoke pemasukan one two.., kanan kiri masuk teruss.., paling seneng angger kon crita masalah adol tuku lemah pokoke buket banget..,, jere genah pengin dadi tuan TAKUR..!!! he2.., maap hib..!!


Sing jegang karo mrenges jenenge Eko..,, tapi asline jenenge jerene Rudi.., mbuh endi sing bener., wong inyong dewek ra reti akte kelahirane..,,, wong kiye angger wes nang ngarep komputer senenge CAMFROGAN..., he2.., jere seneng ndeleng coment2e..,, apa maning angger wes ana sing agi " KONSER" wes pokoke konsen banget.,, PASUKAN COLII..,, SIAPPP...!!!! ha ha ha..,, adem baen mass aja melu2 ambil posisi.,, !!


Sing ngadeg kathoke d linthing jenenge MAD KEPRUZ.., jenengan asline ora tidokanlah.,, paling seneng nek kon ngepruz.., ndoboss.,, ndabrulll..,, tapi ndabrul sing ana hikmaehlahh.
Critane cita citane pengin dadi TURIS..,lahh cita2 koh dadi TURIS..?? apa tumon..?? hobi sing paling njeleih menungsa kiye ya guwee..,, uthik uthik upil.., ha ha ha jere angger pas enthuk upil rasane kaya puas banget..,, hemm.., patut ben ora.!!


Sing ngadeg nang mburi jenenge PAIMAN.., mbuh inyong ra reti apa karepe deweke d jengengi paiman ., kiye wong paling ora doyan ngomong larang banget ngomonge..,,!! paling hobi angger kon turu.., hem laka lawane..!! mungkin artine jenenge manusia bayar..,, PAY mbok artine bayar lah nek MAN mbok artine manusia..,, PAYMAN si manusia bayar..,, he2..,, bisa bisa..,, maap kang payman.., inyong aja kon mbayarr.


Sing njagong karo njekel tas abang jenenge EKO.., mbuh eko purnomo mbuh eko priyono.., tapi senenge d celuk ONO aja.,, mbok malah aneh..?? Nang ngomah wes dadi juragan tratagan..,, ha ha ha jere angger ngemben mbarang gawe ra perlu nyewa tratagan..,, wes jian peritungan jangka panjange apik banget..,, propesi asline sedurunge dadi TKI anu bakul mie ayam..,, padahal angger gelem dodol mie ayam nang korea kayane tah lariss nang kanca kancane.,, laris di UTANG..,, hikzz..!!


Sing njagong jegang karo ngguyu apa agi medheni mbuh ra reti guwe lahh., jenenge JOJON..,, jeneng pesbuke jojon fals.,, he2., jere nunut tenar karo iwan fals.,, padahal sedulure beh udu..,!!
nek tek sawang2 wong kiye maju tuwa maju warass..,, baguslahh.,, pancen guwe sing d golet..,, adem baen mass.,, aja ngegas..!!


WES NEK KUMPUL KAYA KIYE POKOKE INDAH BANGETLAH..!! salam sukses kabeh kangg jaga terus persatuan ok.!!

KUNCI

Nek ndeleng judul postingane tah kayane kiye postingan mandan seriuss...!!!!
Padahal ingsine anu gara2 inyong kelalen..., kunci omahku ketinggalan nang omaeh kancane.,, jian wakem bangett.

jemuah sore balik ngode kan inyong ijin karo kwajange menawa inyong arep "nolo kayo karo cinggunee..,," !!! nek basa kawungantene ya inyong njaluk ijin aring mandore nek inyong arep dolan karo bala kurawane.., padahal asline janeh dina setu esih kon ngode.., mandorku tek lomboni nek inyong wes " yakso karo cinggu" akhire d ijini dolan ikzz..,, gurihhh..!!

pokoke ganti klambi kerja nyaut tas langsung bablas nglayapp ora adus ndisit.., bodoa nang ndalan mengko ambu kringete breng2an..,, ha ha ha..,, ya maap.., harap maklum genah derajat kuli ya kringete ambune mandan gurihh..,,!!!

GLUDAG..,, tekan omaeh kancane nomer siji sing goleti badogan..,, genah kawit nang ndalan inyong wes tilpun nek inyong mandan klaparan..!! he2

Pokoke angger wes ketemu bala kurawane apa2 sing penting kadang dadi kelalen..,,!! luput.., luputt.

Minggu sore inyong pamit balik.., karo nyangking laptopku sing ket minggu wingi tek titipna.., nah MASALAEH NANG KONO..!!! gara2 nyangking TAS LAPTOP.., TAS SING ANA KUNCI OMAHKU TEK TINGGAL..!!

Tekan ngarep omah gari prengas prengess dewek bingung lah deneng kuncine ketinggalan..???

Jajal nek kaya kiye inyong kudu kesuh karo sapa..??

jian wakem bangetlahh..,, akhire dadi maling nang omaeh dewekk..,, ha ha ha jendelane tek dongkelll...,, kawussss jendelane rusak.

Minggu, 25 April 2010

ora panut banget....!!!

Byuhhhh.....,, byuhhh..,, ora panut bangetlahhh....,, masa anu waras bedigas kaya kiye koh..,, ana sing ngabar2na inyong lagi miyangen..,, hemmm.., apa motivasine yah..???

Pancen kadang kaya kuwe apa yah..???
Apa watek apa karena esmosi yah..??
Jujurrr inyong pernah "gedebug lope" karo dirimu .., inyong ora munafrikkkk...!!!
kowe ayu..,, cerdass.., njangane enak maning..,, hemmm gurihhh..,, dadi kencott..,, madang ndisitlahhh..!!!

LUPUTTTTT..,,, asemmm bar madang malah dadi ilang feelingg..,, arep nulis apa kiye..??

hemmm..,, wes kaya kiye baenn..,, sudahkah anda makan 3 kali sehari.... ???

kadang pancen weteng wareg gawe ngantukkk..,, uaemmmm.,, gabruggggggg...!!!