Minggu, 01 Agustus 2010

kawunganten brotherhood..!!!


Ngode nang korea angger ana dina preian acarane ya ngumpul karo kanca2.., apa maning angger kumpul2 karo kanca sekampungg..,, wesss gurih poll.., ngobrole laka rampungee..,,!! pokoke asik lahhh.


lah kiye kanca batire inyong sing pada2 sekang kawunganten.!!


Sing topian guwe jenenge SOHIB..,, nang korea termasuk wes mandan lumuten..,, nang kene dadi juragan kertu tilpun juga., pokoke pemasukan one two.., kanan kiri masuk teruss.., paling seneng angger kon crita masalah adol tuku lemah pokoke buket banget..,, jere genah pengin dadi tuan TAKUR..!!! he2.., maap hib..!!


Sing jegang karo mrenges jenenge Eko..,, tapi asline jenenge jerene Rudi.., mbuh endi sing bener., wong inyong dewek ra reti akte kelahirane..,,, wong kiye angger wes nang ngarep komputer senenge CAMFROGAN..., he2.., jere seneng ndeleng coment2e..,, apa maning angger wes ana sing agi " KONSER" wes pokoke konsen banget.,, PASUKAN COLII..,, SIAPPP...!!!! ha ha ha..,, adem baen mass aja melu2 ambil posisi.,, !!


Sing ngadeg kathoke d linthing jenenge MAD KEPRUZ.., jenengan asline ora tidokanlah.,, paling seneng nek kon ngepruz.., ndoboss.,, ndabrulll..,, tapi ndabrul sing ana hikmaehlahh.
Critane cita citane pengin dadi TURIS..,lahh cita2 koh dadi TURIS..?? apa tumon..?? hobi sing paling njeleih menungsa kiye ya guwee..,, uthik uthik upil.., ha ha ha jere angger pas enthuk upil rasane kaya puas banget..,, hemm.., patut ben ora.!!


Sing ngadeg nang mburi jenenge PAIMAN.., mbuh inyong ra reti apa karepe deweke d jengengi paiman ., kiye wong paling ora doyan ngomong larang banget ngomonge..,,!! paling hobi angger kon turu.., hem laka lawane..!! mungkin artine jenenge manusia bayar..,, PAY mbok artine bayar lah nek MAN mbok artine manusia..,, PAYMAN si manusia bayar..,, he2..,, bisa bisa..,, maap kang payman.., inyong aja kon mbayarr.


Sing njagong karo njekel tas abang jenenge EKO.., mbuh eko purnomo mbuh eko priyono.., tapi senenge d celuk ONO aja.,, mbok malah aneh..?? Nang ngomah wes dadi juragan tratagan..,, ha ha ha jere angger ngemben mbarang gawe ra perlu nyewa tratagan..,, wes jian peritungan jangka panjange apik banget..,, propesi asline sedurunge dadi TKI anu bakul mie ayam..,, padahal angger gelem dodol mie ayam nang korea kayane tah lariss nang kanca kancane.,, laris di UTANG..,, hikzz..!!


Sing njagong jegang karo ngguyu apa agi medheni mbuh ra reti guwe lahh., jenenge JOJON..,, jeneng pesbuke jojon fals.,, he2., jere nunut tenar karo iwan fals.,, padahal sedulure beh udu..,!!
nek tek sawang2 wong kiye maju tuwa maju warass..,, baguslahh.,, pancen guwe sing d golet..,, adem baen mass.,, aja ngegas..!!


WES NEK KUMPUL KAYA KIYE POKOKE INDAH BANGETLAH..!! salam sukses kabeh kangg jaga terus persatuan ok.!!

6 komentar:

Rawins mengatakan...

kawunganten banget jian...
mangkat suwung baline kaboten...

MAD KEPRUZ mengatakan...

ha ha ha..,, kaboten apa guwe kang rawins..???

red mengatakan...

kesuwun kang sampun mampir...
heheheh

Unknown mengatakan...

kuwe photo agi nang suwon apa ?

Ali Rahmat mengatakan...

Akeh cah Kawunganten nang Korea ya? Ya salam baen,,,

MAD KEPRUZ mengatakan...

@ redd..,, yoi pada2..

kang grontrooll..,, poto nang yongin.., !!!

kang ali..,, siki lumayan akeh kangg..,,